SANGKAN PARANING
DUMADI
kaweruh kebatinan
SANGKAN PARANING DUMADI
SAKDURUNGE MANUNGSO DUMADI/UTOWO
SAKDURUNGE MANUNGSO LAIR ONO ING ALAM
NDONYO IKI
..manungso iku durung duwe jeneng (asmo/
asma/nami/nama/aran/juluk/tetenger)
ateges durung ono (utowo ORA ONO).
sak wise manungso lahir/dumadi ..lagi duwe
jeneng (asmo/asma/nami/nama/aran/juluk)
ateges ONO, yen mangkono manungso iku asale
ORA ONO banjur ONO lan mbesuk bakal bali ORA
ONO.maneh utowo (NIRWONO)/SAMPURNO .
kawedar mdamel boso ngoko..supados saget
dipun penggalih ..sedulur ingkang mboten saget
kromo..inggil..pangapunten .
DENE syarat 2e kanggo bisane anggayuh papan
kang bakal tekan sejatine urip kang langgeng
mau.ora ujare sopo2 nanging amung anetepi
kawruh kang temen2 lahir bathin di weruhi yo
iku jeneng kaweruh,ateges temen2 weruh
jeneng kaweruh.
syarat 2 iku bener dudu bener tumrape
manungso..hananging bener tumrape (........)
WONG JOWO ORA WANI NYEBUT ASMANE AMARGO
NJANGKAR /ORA SOPAN...yo iku gusti kang
akaryo jagat gumelar..
PANGERTEN BAB ROSO LAN ROS ROSING
ROSO yoiku pirantine urip... ROS ROSING ROSO
yoiku getetane tetenger (utowo pilah2 ing roso)
tegese roso iki ,roso ngene,roso ngono,roso mau
kabeh..kawengku ing roso sawutuh
(ROSO SEJATI)
ROSO SEJATI yoiku roso kang ora biso owah
gingsir.
pilah pilahing roso sarono ros rosing
roso.....roso mau kabeh kelet lengket ing badan
alus lan wadag..
conto..roso
kecut ,legi ,pedes ,asin,getir ,pahit ,gurih ,lan
liyane iku roso..ono ing rosone ilat,termasuk
roso ing badan wadag..
ono ing kene krasan ono ing kono krasan ..ono
ngendi2 krasan, semono ugo roso gething,roso
tresno,gemes ,pegel ,dendam,
susah,bungah,iku mau ono ing ROSONING ATI
(manah)
ROSO kojur,mujur,eling,lali,getun,iklash,welas
asih,nelongso..puniko .ono ngendi-ngendi ono
lan ugo kroso ing bathin/budi/angono iku
kalebu ROSONING PIKIR
rehne wis cetho kabeh ROS ROSING ROSO,conto
yen jangane kurang asin..lha iki cukup
ditambahi uyah,ora susah banjur pegel..lan
yen pekoro jangan kurang uyah bae banjur
pegel ,nesu,lan muring-muring..yo iki sing di
arani durung weRUH (ngerti) marang ROS
ROSING ROSO
'PANGERTEN BAB (REH MANGUKUT/
WARONGKO MANJING CURIGO'
Tegese..REH MANGUKUT iku..JIWO angukut
ROGO,JIWO angringkes badan wadag.yen
samongso iki badan wadag ono ing njobo,jiwo
ono ing njero..
HANANGING YEN KAKUKUT, SANG jiwo
angringkes badan wadag lumebu sak jeroning
JIWO,
JIWO ing kene ateges badan alus,banjur
linambangake WARONGKO MANJING CURIGO
poro ahli kebatinan/kasampurnan podho
nggayuh sing koyo mangkono iku..yen
manungso wis mangerti bab REH
MANGUKUT..wong mau keno diarani SARJONO /
SUJONO..keno ugo diarani WONG SEPUH,LIR ING
SEPUH./wongsepuh mau..
1.sepi howo
2.sepi ing pamuring
3.sepi ing pepinginan
4. anane mung urip sak lumrahe manungso
lumrah.
(SEPI HOWO AWAS LORONING ATUNGIL/
ATUNGGAL)
"BAB TEMBUNG KEBATHINAN"
Tegese:OLAH BATHIN/NGOLAH BATHIN..ingih
puniko ngladi tumindak engkang sae
sae..jumbuh..antarane tumindak lan pangucap
jumbuh lair lan bathine supoyo manungso
gesang iku biso sampurno uripe ono donyo
aherat tansah tumindak samubarang kabecik
an ninggal sekabehing laranganipun GUSTI ING
MOHO SUCI.
"BAB TEMBUNG NGELMU"
NGELMU iku kelakone kanti lelaku ..ngono iku
cetho banget lan wenteh. yen wis ngerti kudu di
lakoni/ditindak ake,yen to ora banjur aran
ORA KELAKON...ateges muspro ngelmune,kasare
rembug ono unen unen PINTER CRITO NANGING
TINDAKE CACAT ORA RUMONGSO..opoto sejatine
ngelmu iku.?
NGELMU yoiku..KAWERUH SESURUPANING
BATHIN,
Lha yen wis katindakake kudu kanthi mantepe
budi,nelukake angkoro murko ninggal tindak
kang sarwo olo.
BAB TEMBUNG GUSTI
(BAB GUSTI)
GUSTI iku soko tembung bagus ati utowo
(bagusing ati) ati kang bagus iku ati kang
resik suci/dumunung ono hyang widhi (gusti
kang akaryo jagat ) mulo manungso yen biso
nyucek ake atine lurus tumindak e luhur
budine ,temen suci,/resik. ateges biso
njumbuhake lahir lan bathine yo iku sing di
arani manunggale kawulo lan gusti.
BAB GHAIB ING GUSTI
kang di arani tembung ghaib iku tegese
sawijining barang kang SAMAR. barang kang
samar iku tegese,sawijining barang kang ora
keno di grayang nganggo tangan,kang ora
keno di deleng nganggo mripat,kang di arani
cedak tanpo senggolan wadoh tanpo
wangenan,gedene sak mrico binubut.
DUNUNGE TEMBUNG AKU LAN SIR
A =ALLAH
KU =KUASA
SI =SIFAT ROHMAN
R =ROHIM
PANGERTEN BAB LORO 2 NING ATUNGGAL.. .
tegese...loro nanging nyawiji..
dununge: ono ing jiwo lan rogo
JIWO iku pindane GUSTI
ROGO:iku pindane KAWULO
manunggale kawulo lan gusti yo iku kang di
arani LORO 2 NE ATUNGGAL temenan kang
sinebut AMOR.
"TELU NING ATUNGGAL (DUNUNGE) ONO "
1.tetenger:(jeneng/asmo/asma/nami/nama/
aran/juluk/tetenger)
2.ingsun:(AKU)rogo wadag(rogo sawutuh)
3. urip: (ALLAH)
SEMBAH ROGO: sembahing awak/rogo
(utowobadan wadag)
CONTO:sembahyang semedi
SEMBAH CIPTO(KALBU):sembahe pikir/akal
SEMBAH JIWO: sembahe mental,budi
(karakter)
SEMBAH ROSO: pirantosing gesang ingkang
Sabtu, 07 Maret 2015
Tanpa judul
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar