Sabtu, 07 Maret 2015

Papat sifat

BAB SEDULUR PAPAT LIMO PANCER
1. MUTMAINAH : lungguhe ono djantung wujude
arupa banyu rupane putih wateke suci tur
temen lawange ono IRUNG irung kuwi perangone
awak kang temen dewe
conto: ono wong goreng gerih.mripat dulung
weruh nanging irung wis weruh,,buktine
mambu.yen dinyatakke jebul yo nggoreng gerih
temenan.ewo semono isih biso goroh.
conto: trasi ambune ora enak nanging yen di
pangan rasane enak,buktine di butuh ake wong
akeh.
conto maneh: kembang iku ambune wangi
nanging yen di pangan rasane pahit.
2.AMARAH :lungguhe ono empedu (peru)
wujude getih ,rupane abang
wateke,keras ,angkoro murko/
brangasan,lawange.ono.ing
kuping.katerangane manungso biso ngrasakake
olo l;an becik.margo duwe kuping ,manungso
duwe karep olo lan becik margo soko doyone
GETIH sebab getih kang gawe mobah mosike
karepe manungso. mulo manungso tanp[o getih
abang kahanan jagadora bakal rame koyo
kang kito lungguhi sak iki.
3.SUPIYAH: lungguhe ono pusuh.wujude angin
rupane kuning,wateke nggugu kasenengan
utowo ngumbar HOWO NAFSU lawange ono ing
mripat.mulo mripat iku keno di arani lanange
jagad. mripat kanggo deleng barang gumelar,
mulo manungso duwe roso pengen margo
mripate weruh,supiah lawangane ono mripat
wujude angin kang metu soko IRUNG.
4. ALUAMAH :lungguhe ono ing waduk dene
waduk iku gedonge panganan.yen usus gedonge
kotoran.ALUAMAH Wujud lemah rupane
ireng .wateke seneng ngrasak ake panganan
sing enak2 butuhe mung seneng/lan enak2
lawangane ono ing CANGKEM mulo biso ciloko yo
soko cangkem soko tembunge dewe.mulo
CANGKEM duwe teges: CANCANGEN SUPOYO
MINGKEM, tembung olo lan becik iku manggone
podo wae mulo tinimbang guneman tembung
sing olo olo aluwung sing becik2.
5.DJANGKEPE 5.LIMO yo iku sing di arani URIP
KANG NGURIPI PATANG PRAKORO ,KANG
KASEBUT ING DUWUR utowo sing di arani
sedulur papat(4) kalimo pancer yoiku pancere
ono ing URIP
KATERANGANE:MUTMAINAH,AMARAH,SUPIYAH,
ALUAMAH ..kabeh di wengku deening URIP.
KEBLAT PAPAT(4) LIMO (5) PANCER ING TOTO
LAHIR
manungso duwe tangan tengen
manungso duwe tangan kiwo
manungso duwe sikil tengen
manungso duwe sikil kiwo
kang kalimo(5) yoiku gembung: kang di arani
a.BAITUL MAKMur
B.BAITUL MUKAROM (MUHARAM)
C, BAITUL MUKADAS (MAQDIS)
TETELU MAU keno di arani TELU TELU NING
ATUNGGAL.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar