Sabtu, 07 Maret 2015

SIFAT 20

SIFAT 20
0=NOL Ateges nunjuk aken yen kosong,
lungguhe ono bocah cilik sing isih kosong,
during duwe duwe kaweruh otowo pangerten
opo2/wang wung.
1=SIJI Tegese soko tembung ISI lan AJI (isine
aji), dudu ajine bondo ning AJINE DIRI,
dununge wong kang becikdiri pribadine bakal
di aji2 karo sak podo padane, mulo siji lungguhe
ono ing GUSTI soko tembung BAGUSING ATI
sing mujudtake ongko siji , ongko siji iku
kawujud soko ongko 0.
2=LORO Dununge ono bopo lan biyung,
lungguhe isi ndonyo iku loro cacahe, ono awan
ono bengi, ono bungah ono susah, ono panas
ono adem….
3=TELU Dununge manungso duwe sifat telung
perkoro, URIP, ROSO, ROGO’GOLEK . MATEK
soko bebrayan BOPO, IBU lan ANAK.
4=PAPAT Dununge manungso duwe sedulur
papat, 1 Mutmainah rupane putih- bany u, 2
Amarah rupane abang-geti h, 3 Supiah rupane
kuning-ang in, 4 Aluamah rupane ireng-lema h,
iso ugo diarani keblat papat.
5=LIMO Dununge ono keblat papat limo pancer/
lungguhe yen ono toto lahir ono ing zisim lan
sing mikulpendo so.
6=NEM Soko tembung nemu dununge sedulur
papat limo pancer, 6 ono ing ayang2, toto lahir
ono ing wetan, kidul, kulon, lor, nduwur lan
ngisor.
7=PITU Lungguhe ono ing dino ahad, senin,
seloso, rebo, kamis, jum’at, sabtu / onone kulit,
daging, balung, sungsum, otot lan getih.
8=WOLU Tegese ojo uwal soko barang kang sing
perlu, tamtunipun tumindak engkang sae
sampun ngantos ngliwaake, lunmgguhe ono
SEWINDHU 8 wolung tahun (WALI WOLU).
9=SONGO Iku soko pangertene bab bayi kang
topo ono guo garbane ibu lawse 9 sasi, lungguhe
ono ing wali wolu songo tinari’tin utup.
10=SEPULUH Dumadi soko ongko 1 lan 0, ongko
iki wis paring sasmitomar ang manungso, yoiku
kumpule kawulo lan gusti, kang diarani SILIH-
SINI LIHAN, tegese urip yen ora nyilih/ nganggo
rogo biso obah mobah kesampar kasandung
prasasat tanpo aji, semono ugo ROGO yen wis di
oncati deneng URIP yow is ora biso mobah
mosik, tanpo aji.
11=SEWELAS Dumadine ongko sewelas paring
pasemong maring kito naliko bopo lan biyung
dadi temanten di jejerake/ ditemokake.
12=RO LAS (1) siji tegese urip (2) loro tegese
lanang/ wadon yo bopo yo biyung pangertene 12
(rong elas) utowo rong iji/urip siji ngerong ono/
manggon ono wong loro yo iku bopo biyung.
13=TELULAS Tegese, urip iku nguripi telung
perkoro, dununge 1 nguripi menungso, 2
nguripi kewan, 3 nguripi wit2an lan jagad sak
isine.
14=PAT BELAS Tegese, urip iku nguripi patang
perkoro, 1 nguripi banyu, 2 nguripi geni, 3
nguripi angin, 4 nguripi lemah.
15=LIMO LAS Tegese, urip iku nguripi limang
perkoro, 1 nguripi kuping (pangrungu ), 2
nguripi mripat (pandeleng ), 3 nguripi irung
(pangambu) , 4 nguripi lambe (pangraos) , 5
nguripi ilat (pangecap) .
16=ENEM BELAS Tegese, urip iku nguripi enem
perkoro, 1 nguripi mutmainah, 2 nguripi
amarah, 3 nguripi supiah, 4 nguripi aluamah, 5
nguripi ayang2, 6 nguripi wujud/ gleger.
17=PITULAS Tegese, urip iku nguripi pitung
perkoro, 1 nguripi wulu, 2 nguripi kulit, 3
nguripi daging, 4 nguripi balung, 5 nguripi
sungsum, 6 nguripi otot, 7 nguripi getih.
18=WOLULAS Tegese, urip iku nguripi Wali 8,
kajobo nguripi ragane ugo nguripi keluhurane /
asmane supoyo tansah nggondo arum kaluhuran
lan sasmitane.
19= SONGOLAS Tegese, urip iku nguripi
sangang perkoro, 1 nguripi kuping loro , 2
nguripi mripat loro, 3 nguripi bolongan irung
loro, 4 nguripi lesan siji, 5 nguripi dubur siji, 6
nguripi wadi siji, yen di jumlah ono 9.
20=RONG PULUH Tegese, urip iku ngerong
marang bopo lan biyung, wong loro kanggo
ngerongi urip siji dadi loro loroning atunggal
toto lahir ono ing kono, mulo iku jejere
manungso keno diarani SASTRO JENDRO
YUNINGRAT, tegese tulising Gusti kang cetho
dumumnung ono wujude manungso lanang
wadon, mulo manungso bisane nggayuh budi
luhur/ rahayuning wiwitan lan pungkasan,
sanajan manungso iku diwenang ake duwe
karep nggayuh donyo brono kudu manut
krenteking ati kang resik, biso’o ngemong urip
kang suci, nuli biso sanpurno lahir lan bhatine.
Yen wong lanang duwe howo songo, wong
wadong duwe howo sewelas, kacek loro,
manggone ono ing susu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar