Fadilahe ilmu di banding bondho
(miturut khalifah Ali ra)
1. Ilmu iku warisane poro nabi ,
lalek bondho iku warisane firaun,qorun lan
liyo liane
2. Ilmu iso njogo marang wong kang seng
dewe ilmu
Lalek bondho di jogo karo wong seng duwe
bondho
3. Uwong seng duwe ilmu akeh kancane ,
Wong seng akeh bondhone akeh musue
(lawan)
4. Ilmu lek di amalne utowo di kek ne
marang wong bakal nambah ,
Bondho lek di kek ne wong bakal kalong /
sudo
5. Wong seng berilmu sering di wastani tiang
ingkang alim,ulama lan lio liane ,
Sedangkan wong akeh bandane di wastani
wong bekhil,kikil,pelit lan liyo liane
6. Tiang ingkang gadah ilmu bakal intuk
syafaat ing dino kiamat ,
Sedangkan wong duwe bondho bakal di
jaluki pertanggung jawabpan ono ing dino
kiamat
7. Ilmu umpomo di simpen ora bakal entek ,
Bondho lek di simpen bakal rusak ,muspro
8. ILmu ora usah di jogo soko wong jahat /
jahil ,
Sedangkan bondho kudu di jogo soko wong
seng jahat
9. Ilmu iku ora butuh panggonan ,
Sementara bondho butuhne papan
panggonan
10. Ilmu biso madangi ati dadi padang lan
ayem tentrem ,
Sedangkan bondho iso dadek ake atine atos
Mugi-mugi sagetto manfaati.....
Senin, 25 Mei 2015
Fadhilah ilmu
Syukur
pas aku pengen urip sugih,
aku lali yen urip yaiku kesugihan.
pas aku wedi menehi,
aku lali yen kabeh sing tak duweni yaiku
paweweh.
pas aku pengen dadi sing paling kuwat,
aku lali yen jero KELEMAHAN, Allah menehi
aku kekuwatan.
pas aku wedi tuna (rugi),
aku lali yen uripku yaiku siji KEUNTUNGAN.
urip iki bangeta becik nek
NYUKURI apa sing wis ono.
ono kalane sing becik dudu sing paling
becik,
sing SAMPURNA ora dadek ake KABAGYAN.
nanging pas awake dhewe bisa lan gelem
nrima kabeh kekurangan lan kaluwihan...zo
kuwi KABAGYAN
=> elmu, budi, elingan, pamikir, bondho,
kesugihan, kayon, kelinuwihan, keahlian,
kaluwihan, kewibawaan, kemuliaan,
kalungguhan,pangkat lan drajat, kabeh kuwi
mung titipan sakwetoro saking Allah SWT,
sak wayah-wayah iku kabeh bakale balik/
di jiphuk ing ngarsane gustine
mulo mangkunu mumpung dereng di jaluk /
di cabut titipanipun, monggo kito tanjak
aken sedoyo wau kanthi sak sae-saenipun,
amargi sedayanipun bakal dipun suwuni
tanggel jawab ono ing ngarsane gusti Allah
Subhanahua Ta'ala
NGAJI IKU PENTING
NGAJI IKU PENTING
OJO
SENG PENTING NGAJI
Seng sopo wonge
ngambah dalan tumuju ono
ing salah suwijine
panggonan tumrape golek
ilmu terutama ilmu agomo
islam ,moko gusti Allah
bakal gampangake dalane
wong iku mau menyang
suwargo...
=> Kanjeng nabi wes
ngendiko ono hadist kanti
cetho:
Nuntut ilmu wajib hukume
wiwit cilik nganti sedo,
gak pandang sugih gagah
enom lan tuo mumpung
urip podho ngajio
YEN NGAKU SANTRI WIS
SAKMESTINE KUDU NGAJI
YEN WES OLEH ILMU
SENAJAN SITIK ZO DI
LAKONI
MUMPUNG ISIH ONO KYAI DI
TLATENI GONE NGAJI
MERGO IKU MBESOK
SANGUNE MATI.......
"Ngelmu iku kelakone
kanthi laku, Senajan akeh
ngelmune lamun ora di
tangkarake lan ora
digunakake, ngelmu iku
tanpho guno".
Amergo Ilmu uripmu maju
,Tanpho ilmu uripmu kliru ,
Mulyane menungso ora
mergo Bondho dunyo ,
Nanging ISLAM ILMU IMAN
AGOMO
NB: KABEH ILMU KUDU DI
AMALI , LAN KABEH AMAL
KUDU DI ILMONI